Senin, 29 September 2014

SOAL BAHASA JAWA KELAS VIII 20 SOAL



SOAL BAHASA JAWA KELAS VIII
Pemerintah Wiwit Nggrengsengake Indhustri Cilik
            Pancen bener apa sing dikandhakake sebageyan masyarakat, menawa kautamaning pembangunan indhustri sejatine dumunung ana pengusaha swasta. Dene pemerintah mung kari menehi panjurung sarta nyedhiyakake anggaran lan menehi penyuluhan murih lakune usaha bisa lumaku kanthi becik lan sehat,
            Indhustri cilik utawa kerajinan rakyat mujudake perangan tataran ekonomi nasional, sing lumrahe kegiyatane sumebar ing dhaerah pelosok-pelosok padesan. Ya merga manggone ing padesan iki, pemerintah banjur maringi bantuwan dhana, jalaran saka indhustri cilik iki pranyata bisa nampung tenaga kerja sing akeh saengga bisa nyuda anane pengangguran lan nyuda mlayune warga desa menyang kutha.
            Kaya kang dumadi ing desa Menganti Gresik kang akeh madege indhustri cilik kayadene indhustri parut, rotan, lan kayu. Ing desa Menganti sing paling unggul yaiku indhustri rotan. Krana anane indhustri rotan sing cukup maju, mulane bisa nyiptakake lapangan kerja. Buktine saben-saben omah wis kena dimesthekake padha duwe kegiyatan utawa penggaweyan samben ngenam rotan. Kanthi mangkono kejaba kanggo nambah pengasilan uga mbendung wargane mlayu menyang kutha.
(Gegladhen Basa Jawa VIII: 12)



1.      Kautamaning pembangunan indhustri iku dumunung ing pengusaha…….
a.       Cilik                      b. swasta                     c. gedhe                       d. negara

2.      Tugas lan tanggung jawabe pemerintah marang para pengusaha swata yaiku…..
a.       Nariki pajek saka para pengusaha
b.      Menehi panjurung lan penyuluhan
c.       Ngatur anggaran kanggo prodhuksi
d.      Nemtokake reregan asile prodhuksi


3.      Pemerintah maringi bantuwan marang para pengusaha cilik ing dhaerah-dhaerah padesan kanthi tujuwan….
a.       Nambahi gedhen pajek sing disetor
b.      Supaya para pengusaha ora protes
c.       Ngundhakake pengsilane pengusaha
d.      Kanggo nyuda anane pengangguran


4.      Indhustri cilik kang ditindakakake dening warga desa Menganti Gresik yaiku…..
a.       Home indhustri awujud barang-barang elektronik
b.      Indhustri kerajinan tas lan sepatu saka kulit
c.       Home indhustri kang awujud panganan camilan
d.      Home indhustri kang awujud rotan, parut, lan kayu

5.      Home indhustri iku bisa kanggo nyiptakake lapangan kerja, buktine….
a.       Saben wong ing omah ora ana sing nganggur
b.      Wong ing padesan akeh sing kepengin kerja
c.       Akeh pengangguran sing lunga menyang kutha
d.      Barange akeh sing diekspor menyang luwar negeri

6.      Bakune gagasan paragaraf 2 jroning wacan ing ndhuwur yaiku…..
a.       Indhustri cilik mujudake perangan tataran ekonomi nasional
b.      Indhustri cilik bisa nampung lan nyuda anane pengangguran
c.       Pemerintah wajib maringi bantuwan marang pengusaha cilik
d.      Para pengangguran padha ora gelem lunga menyang kutha

7.      Ukara ing ngisor iki mujudake tuladha ukara lamba yaiku…..
a.       Tiara ngombe jus jeruk rong gelas.
b.      Bapak mirsani tv dene simbah makan pitik.
c.       Ibu sare nalika aku teka.
d.      Rita tuku beras, mi lan endhog.

8.      Bu Sulis mundhut beras, mi, endhog lan lenga goreng. Ukara iku mujudake tuladha ukara…
a.       Ukara tanduk tanpa lesan             c. Ukara tanggap
b.      Ukara camboran                            d. Ukara lamba

9.      Ukara ing ngisor iki mujudakae tuladha ukara camboran susun yaiku…..,
a.       Tegar kuwi pinter nanging adhine bodho.
b.      Friska kuwi ayu tur pinter.
c.       Simbah ngasta payung lan tas.
d.      Bapak rawuh nalika aku adus.

10.  Bu Rita      : “ Mbak Santi, panjenengan apa wis dhahar?”
Tina          : “……………………………………..”

a.       Inggih bu, kula sampun dhahar.
b.      Inggih bu, kula sampun nedha.
c.       Inggih bu, aku wis dhahar.
d.      Inggih bu, aku wis nedha.

11.    Bapak                  : “ Rin, kowe mau teka jam pira?”
Rinda                    : “ ... (1)… sampun …(2)…jam wolu kalawau Pak”

Wagsulane Rinda sing bener dijangkepi tembung……..
a.       (1) Dalem, (2) rawuh                     c. (1) aku, (2) mulih
b.      (1)  Kula, (2) dugi                         d. (1) aku, (2) wangsul

12.    Don, ayo …….bakso neng warunge Bu Minten.

Ukara kasebut diucapake kancane marang Doni. Titik-titik diiseni tembung…..
a.       Tuku                      b. tumbas                     c. mundhut                  d. nyuwun

13.  Eyang saweg ……jampi.
a.       Dhahar                  b. nedha                      c. ngunjuk                   d. ngombe

14.  Pak Agung : “Omahmu ngendi ta Put?”
Putri         : “………………………”

a.       Omah kula Wonorejo.                   c. Dalemku  Wonorejo.
b.      Dalem kula Wonorejo.                  d. Griya kula Wonorejo.


15.  Eyang tindak Jakarta…….sepur Gajayana.

Tembung sing cocog kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing ndhuwur……
a.       Karo                      b. nitih                         c. kalih                         d. dititihi

16.  Sus,apa sing ….. Bu Guru mau?”

Yen ukara kasebut diucapake Susi marang kancane sing bener dijangkepi nganggo tembung……
a.       Dikandhakake                               c. dipundhawuhaken
b.      Diomongake                                  d. didhawuhake

17.  Ing ngisor iki  mujudake  tuladha ukara kang nganggo basa ngoko alus yaiku….
a.       Panjenengan apa wis sare?
b.      Panjenengan apa wis tilem?
c.       Sampeyan apa wis sare?
d.      Sampeyan apa wis tilem?

18.        Alex     : “ Gus, kowe apa ora ndeleng karnaval?”
Agus    : “ Ora, aku lagi aras-arasen metu.”
Alex     : “ Aku pengin ndeleng, kancanana ya!”
Agus    : “ Ya wis, ayo!”

Ukara pacelathon ing ndhuwur nggunakake basa…
a.       Ngoko lugu           b. ngoko andhap         c.krama lugu                d.krama alus

19.  Aku dhek wingi lunga menyang Surabaya numpak bis.Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus sing bener….
a.       Kula kala wingi tindak dhateng Surabaya numpak bis.
b.      Kula kala wingi tindak dhateng Surabaya nitih bis.
c.       Kula kala wingi kesah dhateng Surabaya numpak bis.
d.      Kula kala wingi kesah dhateng Surabaya nitih bis.

20.  Ukara ing ngisor iki sing migunakake unggah –ungguh basa sing bener yaiku….
a.       Panjenengan nedha menapa?
b.      Kula ngunjuk wedang kopi.
c.       Bapak tilem wonten kamar.
d.      Pak Rais badhe tindak pundi?

0 komentar:

Posting Komentar