Sabtu, 27 September 2014

pidato baja jawa tema nulis geguritan


 
Assalamu’alaikum wr. Wb
            Ingkang dahad kinurmatan Bu Guru kalihan kanca-kanca sedaya kemawon ingkang kula tresnani
Sepisan, monggo kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kita sedaya dumagi sakmeniko kita sedaya saged kempal  wonten mriki.
Kula M. Ihsan Maulana sesulih saking kelompok kula, inggih punika kelompok 6 badhe ngangkat tema “ayo nulis geguritan”
            Kanca-kanca sedaya…
Sampun ngertos punapa dereng, geguritan niku punapa ?
Geguritan inggih punika wohing susastra ingkang basanipun cekak lan endah. Geguritan asalnipun saking tembung “gurit” ingkang tegesnipun kidung utawi tulisan ingkang awujud tatahan.
Ayo kanca-kanca sinau nulis geguritan !
Sakpunika panulisan geguritan benten kalihan jaman rumiyen, mboten damel peugeran pinathok. Geguritan jaman rumiyen diaranipun puisi jawa kuna utawi puisi jawa gagrag lawas, amargi keiket kalihan guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Puisi jawa kuna dipunwiwiti tembung “sun anggurit” utawi “sun nggegurit”. Wonten puisi jawa anyar utawi geguritan, sedaya aturan kalawau mboten wonten. Caranipun nulis geguritan inggih punika :
1.      Nemtokaken tema
2.      Milih tetembung ingkang mentes
3.      Endah lan cekak
4.      Maringi irah-irahan ingkang jumbuh kalihan isi geguritan.
Niki wonten tuladha geguritan, irah-irahanipun “guru” kagem Bu Guru ingkang kula tresnani
Guru
Ing papan iki aku ngenteni
Sliramu sing tak kurmati
Ora lali
Aku saka ngomah wis nganggo minyak wangi
Guru
Panjenengan pancen pantes digugu lan ditiru
Lakune panjenengan ora kesusu
Isa gawe tuladha kanggo awakku

Gunemanmu alus ngandhut ilmu
Aku ning kene mung isa tiru-tiru
Amarga sliramu sugih ilmu

Matur suwun guru
Panjenengan ora wegah ndidik aku
Marahi aku ben nduweni kepinteran
Sliramu ndidik aku ben isa sopan

Geguritan inggih punika basanipun endah. Nanging sakniki ingkang remen geguritan ngih punika tiyang nem-neman tasik kedhik. Amargi geguritan ngagem basa jawi, miturut tiyang nem-neman basa jawinipun rekaos, kalihan ngunakaken tembung ingkang mboten langsung, konotatif, kalih maknanipun rangkep. Sampun saget dipuntingali bilih kawigatosan tiyang nem-neman kalihan geguritan pun wiwit ical.
Pun dados tugas kita sedaya nguri-nguri geguritan sak derenge negari lintu ndadosaken geguritan kita dados geguritan negari lintu. Kita kedah nuwuhaken raos tresno ugi nguri-nguri geguritan supados mboten ical. Ingkang remen nulis geguritan saget ngandeng tiyang-tiyang supados remen, ugi saget ngentun utawi nyebaraken geguritan meniko wonten media cetak. Pemerintah inggih sampun kawigatosan kalih geguritan dipunwujudaken dateng pelajaran basa jawi ing SMP.
Lan kula gadhah pesen kagem kanca-kanca sedanten. Kula kepingin kanca-kanca remen kalih basa jawi lan remen nulis geguritan
            Cekap semanten saking kula, menawi anggen kula sakanca kagungan klentu, kula nyuwun agunge pangapunten dhumateng sedaya kemawon. Kula aturaken sembah suwun.
            Wassalaamualaikum Wr. Wb.

1 komentar: